Read This Post

Cathetan Ringkes Bab Sesorah



Sesorah yen ing basa Indonesia diarani pidato. Paragan iki biasa ditindakake wong Jawa, utamane yen ana upacara-upacara adat. Adat jawa sing isih mbutuhake paragan sesorah ing antarane 1) Upacara mantenan jangkep; 2) sunatan (supitan); lan 3) upacara sedhekah gunung, lsp. Miturut gunane, sesorah dibagi pirang-pirang jinis, yaiku:
1.  Sabdatama
yaiku, sesorah tunggal utawa sesorah sing ora kudu ana wangsulane.
Tuladha: Khutbah Kyai, sesorah minangka pambukaning acara, sesorah sing isine tutur tinular, lsp.
2.  Pambagyaharja
yaiku, sesorah kanggo mahargya utawa mapag rawuhe para tamu.
Tuladha: sesorah ketua panitia, sesorah pamangku gati (sing duwe acara manten, sunatan, lsp.)
3.  Tanggap wacana
yaiku, sesorah sing kudu antuk wangsulan utawa tanggapan.
Tuladha: sesorah masrahake manten kakung ing kaluwarga temanten putri lan sewalike, sesorah minangka wakil siswa ing acara purnawiyata.

·         Bagiyan sesorah sing kudu digatekake, yaiku:
1) Salam pambuka,
2) pambukaning ukara,
3) atur pambagya harja,
4) isi, lan
5) paripurna.


Tuladha saben angka ing dhuwur, yaiku:
1) salam pambuka
Tuladha salam pambuka antawisipun: a) nuwun; b) salam agami, “Assalamualaiku Warohmatullah Wabarokatuh, om swasthi astu, namo budaye, lsp.” C) karaharjan lan kawilujengan mugi tinebihna mring kita sami, lsp.
2) pambukaning tembung
Tuladha pambukaning tembung inggih menika: “nugraha miwah sih wilasanipun gusti, ingkang sampun kesdu paring kabagyan, katentreman lan kawilujengan, mugi hanggung kajiwa kasarira mring kita sami waradin sagung dumadi.”
3) atur pambagya harja
a) Para pepundhen, peparaning para mudha sentana ingkang pantes tinulat sinudarsana,
b) Nayakaning praja satriyaning nagari, minangka songsong agung jantraning bebrayan.
c) Para alim ingkang tansah memayu luhuring kitab suci,
d) Lan ugi para rawuh ingkang tuhu kula tresnani, kautamenipun warga ageng
4) isi utawa surasa basa
Tuladhanipun: “Minangka purwakaning atur, sumangga caos puji syukur dumateng gusti Allah ingkang murbeng rat, mugiya ing sadangunipun kula lan panjenengan sami gesang tansah pinaringan hayu raharja niskala, nir ing papa cintraka, amin ya rabbal alamin. Boten katalompen shalawat saha salam kita aturaken dumateng Nabi Muhammad SAW, mugiya benjang ing yaummil kiamah tansah pikantuk syafaatipun, saged sumandhing hangiringi lampah labuhanipun.
Nuhoni dhawuhipun bapak …, kula sinaraya gati minangka talang aturipun kepareng nganturaken gunging panuwun awit rawuhipun bapak lan ibu ing tumapaking adicara menika. Inggih awit gunging bombong raosing manah anggen bapak … hanampi kanugrahan masugata rawuh panjenengan, bapak … boten kuwagang ngunandika piyambak wonten ngarsanipun panjenengan sami.
Sarehning sampun nimbang bibit, bobot, lan bebetipun penganten kakung minangka gandhenganipun putri kinasih, bapak … kraos marem, madhep, lan manteb hanela kramakaken pun putra kekalih. Dhasaripun kekalihipun sampun sami hangetingalaken tuhu antebing tresna, saengga minangka tiyang sepuh hamung saged mangestuni niyat ingkang sae menika. Wondene anak kula … pancen bocah cubluk ingkang dereng kathah mangertosi abang ijoning kahanan, saengga ambokbilih wonten lepat leletipun kepareng dipundukani lan dipundhidhik kados dene putranipun piyambak.
Tebih anggenipun penjenengan sowan lan pinarak wonten mriki tertamtu pinayungan pikajengan ingkang edi. Nanging, kahanan ingkang saged dipunaturaken dening pamangku gati boten saged ngimbangi kapikajengan ingkang edi saking para rawuh. Saengga mbokbilih wonten kirang asin, legi, utawi gurih anggenipun masugata para rawuh, kepareng kula ngaturaken gunging pangaksami ingkang tanpa pepindhan.”
5) paripurna
Tuladhanipun: “Mugi sarawuh lan sakonduripun panjenengan sami sanityasa pinayungan karaharjan, kawilujengan, lan kasarasan dening gusti ingkang murbeng rat. Wasana, mekaten anggenipun kula matur, wilujeng handherekaken tumapaking adicara lan ngrahapi dhedhaharan ingkang cinaosaken dening pamangku gati.”

Spread The Love, Share Our Article

Related Posts

No Response to "Cathetan Ringkes Bab Sesorah"

Posting Komentar

silahkan komen seperlunya :D