tugas sekolah !!
ATUR PAMBAGYA
HARJA PENGANTEN
Assalamu’alaykum Wr.Wb.
Dhumateng
panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Sagunging
para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon. Sarta para
kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana.
Sakderengupin
kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik
hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara
punika kanthi widada nir ing sambekala.
Wonten ing
kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan
panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana
mestuti dhawuh kersanipun ........................., kinen matur pinangka
talanging basa sulih sarira.
Ing madyaning pepanggihan menika, .........................
lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sugeng rawuh,
sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi
......................... saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit
panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara
menika.
Inggih
karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun,
......................... ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh,
malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak ................., kadhaup
kaliyan Nak ......................, putra kakungipun ................. Dene
ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten
wonten alangan setunggal punapa.
Karawuhanipun
para lenggah sedaya, panjenenganipun ......................... nyuwun donga
pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih
anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah
Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun
saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.
Para rawuh
kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun
......................... nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan
punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio
para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak
kawontenanipun.
Dumateng
para rawuh sedaya, ......................... nyuwun pangapunten menawi wonten
kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi
matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping
pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
No Response to "ATUR PAMBAGYA HARJA PENGANTEN"
Posting Komentar
silahkan komen seperlunya :D