Read This Post

Atur Pasrah Temanten


tugas sekolah!!

Atur Pasrah Temanten

Assalamu’alaykum wr.wb
Kula nuwun
Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bp.                                       , ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu.                                       
Ingkang sepisan, Bp.                                        kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp.                                   Kekalih, kanthi  pepuji mugi-mugi Bp/Ibu.                                            tansah pinaringan berkah rahmating pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih.
Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg.                                           ingkang badhe kadhaupaken Rr.                              putra-putrinipun Bp.                                     Ingkang punika Bp.                      kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten sependherek. (contonipun                    ,                               ,                               )
Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanthi renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang, mugi katampia minangka talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan.
Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.
Bp/ibu.                                              Ndherek nyenyuwun dhateng gusthi Allah SWT, mugi paringa berkas pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya mboten alangan satunggal punapa sumrambah ing sedayanipun.
Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun agunging samodra pangaksama.
Wassalamu’alaykum wr.wb
Kula nuwun. 

Spread The Love, Share Our Article

Related Posts

No Response to "Atur Pasrah Temanten"

Posting Komentar

silahkan komen seperlunya :D