tugas sekolah!!
Atur Panampi Pasrahan
Assalami’alaykum wr.wb
Kula
nuwun,
Para
pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung
sumawa putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bp. Sakulawangsa
mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana.
Saderengipun
kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa
panjenengan sami, mboten nami ngilangi tata trapsila, hawit hangengeti papan
saha kawontenan ingkang mekaten, kapeksa kula jumeneng wonten ngarsa
panjenengan.
Panjenengan
Bp. kula
minangka sulih sarira Bp.
sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp. sekaliyan nembe ngraosaken bombong mongkong
ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang
tanpa pepindhan.
Langkung
rumiyin Bp. sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng
ngarsanipun gusti ingkang maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng
Bp. sekaliyan, katitik
ing wekdal punika Bp. sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara
srah-srahan.
Ingkang
kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp.
sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana
palakrama saking dalem dumuning wisma punika.
Kaping
tiganipun, sampun dipun tampi atur taklimipun Bp. sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp.
. semanten ugi Bp. sekaliyan ugi ngaturaken
salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun Bp/ibu. kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pibaringan sih
kanugrahaning pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinemba ing godha rencana.
Kaping
sekawan, Bp.
sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. sekaliyan kersa hangenthengaken bot
karepotipun Bp.
ingkang punika pasrahing temanten kakung dipun tampi kanthi suka renaning
penggalih. Mbok bilih sadayanipun sampun samekta ing gati sri temanten kekalih
tumunten badhe kadhaupaken.
Mawantu-wantu
panyuwuning Bp. sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para
pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka
pari suka anggenipun lelenggahan kanthi
mirunggan ngantos paripurnaning gati.
Minangka
puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah
cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet
ing nalar kuthunging pemanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering
samodra pangaksami.
Wassalamu’alaykum wr.wb
Nuwun.
No Response to "Atur Panampi Pasrahan"
Posting Komentar
silahkan komen seperlunya :D