Tampilkan postingan dengan label bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

Atur Panampi Pasrahan


tugas sekolah!!

Atur Panampi Pasrahan
Assalami’alaykum wr.wb
             Kula nuwun,
             Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawa putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bp.                                       Sakulawangsa mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana.
             Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngilangi tata trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang mekaten, kapeksa kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan.
             Panjenengan Bp.                             kula minangka sulih sarira Bp.                                     sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp.                                        sekaliyan nembe ngraosaken bombong mongkong ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
             Langkung rumiyin Bp.                                      sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun gusti ingkang maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp.                 sekaliyan, katitik ing wekdal punika Bp.                                               sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan.
             Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp.                         sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking dalem dumuning wisma                                      punika.
             Kaping tiganipun, sampun dipun tampi atur taklimipun Bp.                            sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp.                                                  . semanten ugi Bp.                                         sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun Bp/ibu.                                                kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pibaringan sih kanugrahaning pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinemba ing godha rencana.
             Kaping sekawan, Bp.                                      sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp.                                       sekaliyan kersa hangenthengaken bot karepotipun Bp.                                                ingkang punika pasrahing temanten kakung dipun tampi kanthi suka renaning penggalih. Mbok bilih sadayanipun sampun samekta ing gati sri temanten kekalih tumunten badhe kadhaupaken.
             Mawantu-wantu panyuwuning Bp.                                          sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi  mirunggan ngantos paripurnaning gati.
             Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wassalamu’alaykum wr.wb
Nuwun. 

Atur Pasrah Temanten


tugas sekolah!!

Atur Pasrah Temanten

Assalamu’alaykum wr.wb
Kula nuwun
Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bp.                                       , ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu.                                       
Ingkang sepisan, Bp.                                        kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp.                                   Kekalih, kanthi  pepuji mugi-mugi Bp/Ibu.                                            tansah pinaringan berkah rahmating pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih.
Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg.                                           ingkang badhe kadhaupaken Rr.                              putra-putrinipun Bp.                                     Ingkang punika Bp.                      kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhangan penganten sependherek. (contonipun                    ,                               ,                               )
Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanthi renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang, mugi katampia minangka talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan.
Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.
Bp/ibu.                                              Ndherek nyenyuwun dhateng gusthi Allah SWT, mugi paringa berkas pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya mboten alangan satunggal punapa sumrambah ing sedayanipun.
Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun agunging samodra pangaksama.
Wassalamu’alaykum wr.wb
Kula nuwun. 

ATUR PAMBAGYA HARJA PENGANTEN


tugas sekolah !!

ATUR PAMBAGYA HARJA PENGANTEN

Assalamu’alaykum Wr.Wb.

Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni. Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon. Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana.
Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.
Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun ........................., kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira.
Ing madyaning pepanggihan menika, ......................... lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sugeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi ......................... saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika.
Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, ......................... ing kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak ................., kadhaup kaliyan Nak ......................, putra kakungipun ................. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun ......................... nyuwun donga pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun ......................... nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.
Dumateng para rawuh sedaya, ......................... nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Cathetan Ringkes Bab Sesorah



Sesorah yen ing basa Indonesia diarani pidato. Paragan iki biasa ditindakake wong Jawa, utamane yen ana upacara-upacara adat. Adat jawa sing isih mbutuhake paragan sesorah ing antarane 1) Upacara mantenan jangkep; 2) sunatan (supitan); lan 3) upacara sedhekah gunung, lsp. Miturut gunane, sesorah dibagi pirang-pirang jinis, yaiku:
1.  Sabdatama
yaiku, sesorah tunggal utawa sesorah sing ora kudu ana wangsulane.
Tuladha: Khutbah Kyai, sesorah minangka pambukaning acara, sesorah sing isine tutur tinular, lsp.
2.  Pambagyaharja